Kumpulan Pranatacara Bahasa Jawa
Contoh pranatacara bahasa jawa
1. Contoh pranatacara bahasa jawa
katagori: bahasa daerah, pranatacara
kelas: , SMA
sugeng siang lan sugeng rawuh dumateng para Bapak lan Ibu. ing dinten menika kula lan panjenengan sami saged pinanggihan malih awit Gusti Kang Murbeng Dumadi tansah maringi sehat rahayu wilujeng lir ing sambekala.
ing siang menika, bade kadherekaken adicara ingkan kasusun inggih menika:
1. atur pambuka
2. srah terima jabatan
3. doa
4 ramah tamah
5. penutup.
menika wau sedaya adicara ingkang bade kalampahan, mugi saged ndadosaken regeng ing manah lan nujuprana ing penggalih.
matur nuwun.
2. Pranatacara 4orang dalam bahasa jawa
Pranatacara 4 orang = Pranatacara wong papat
Semoga membantu maaf kalo salah
3. Pranatacara perpisahan bahasa jawa
Jawaban:
Contoh Pranatacara Perpisahan Sekolah SMK Ma'arif 1
Penjelasan:
Assalamu'alaikum Wr.Wb
Bapak Kepala Sekolah SMK Ma'arif 1 Wates ingkang kinurmatan. Bapak / Ibu Guru saha Karyawan / Karyawati ingkang kula urmati. Lan para kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin sumangga kita sami ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah, ingkang sampung kepareng paring kanugrahan lan kasarasann sehingga kula lan panjenengan sedaya saget makempal wonten ing wanci menika. Ingkang titiwanci menika kula dados pranatacara badhe ngaturaken susunan aducara, inggih menika :
1. Atur pambuka
2. Atur pangandikan saking ketua panita.
3. Pentas Seni Kelas X lan kelas XI
4. Atur perpisahan saking wakil kelas XII
5. Atur pangandikan saking Kepala Sekolah SMK Ma'arif 1 Wates
6. Panutup
Adicara kaping setunggal inggih menika pambuka, monggo kula lan panjenengan sedaya kanthi maos waosan basmallah sesarengan, matur suwun.
Adicara kaping kalih inggih menika pangandikan saking ketua panitia. Dhumateng ketua panitia kula sumanggaaken. Matur suwun.
Adicara ingkang kaping tiga inggih menika pentas seni karawitan saking kelas X lan kelas XII, kula sumanggaaken. Matur suwun.
Adicara ingkang kaping sekawan inggih menika atur perpisahan saking wakil kelas XII. Dhumateng wakil kelas XII kula sumanggaaken. Matur suwun.
Adicara ingkang kaping gangsal inggih menika atur pangandikan saking Kepala Sekolah SMK Ma'arif 1 Wates. Dhumateng Bapak Kepala Sekolah, kula sumanggaaken. Matur suwun.
Adicara ingkang kaping enem inggih menika Panutup. Monggo kita pungkas adicara ing siang menika kanthi waosan hamdallah sesarengan. Allhamdulillahirabillngalamin. Matur suwun.
Para rawuh ingkang kinurmatan kula minangka pranatacara ngaturaken agunging samudra pangaksama dhumateng para rawuh sedaya mbok bilih wonten lepating atur anggen kula matur . Jenang sela wader kali sesondheran, apuranta menawi wonten lepat kula. Pungkasaning atur
Wasssalamualaikum Wr. Wb
4. contoh teks pranatacara manten bahasa jawa singkat?
Contoh teks pranatacara manten bahasa jawa singkat:
Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Mugi-mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahipun Allah SWT
Keluarga Penganten Putri ingkang kinurmatan,
Dhumateng para rawuh ingkang kinurmatan, saha mboten kesupen para tamu undangan ingkang kinurmatan.
Langkung rumiyin sumangga kita ndedonga saha muji syukur wonten ngarsanipun Allah Subhanahu Wa Ta'ala ingkang sampun paring kanugrahan, limpahan rahmat, taufik saha hidayahipun.
Supados kita saged makempal wonten ing papan menika kanthi sehat wal afiat saperlu ngrawuhi manten antawisipun ........ kaliyan sederek.......
Kula minangka pembawa acara badhe maos jadwal acara enjing menika.
Salam Waosan Qur'an (kanggo Muslim)Prosesi tanggap warsa kakungProsesi serah terima jabatan saking keluarga calon penganten kakungMutiara kawicaksanan utawa pitutur bebrayanPanutup lan dongaAdicara salajengipun inggih menika waosan ayat suci Al-Qur’an ingkang badhe dipun waos dening sedherek (nama). Kanggo sampeyan (jeneng), sugeng rawuh.
Waosan Al-Qur'an sampun paripurna, dumateng panjenengan (asmi), matur nuwun..."
“Mlebet ing adicara ingkang kaping tiga inggih menika sambutan saha pasrahaken saking keluarga penganten putri dhateng keluarga calon penganten kakung, ingkang badhe kaaturaken dening bapak (nama).
"Iki salam saka bapak (jeneng), kanggo bapak (jeneng) matur nuwun ... "
Acara salajengipun inggih menika resepsi saking pihak penganten kakung. Sambutan ingkang badhe dipun aturaken dening bapak (jeneng), dhumateng bapak (jeneng) dipun tampi.
Mekaten sambutan saking kaluwarga penganten kakung, dhumateng bapak (asma), ngaturaken agunging panuwun. Kanthi mekaten kita sampun mirsani kanthi tliti adicara pasrahaken kalih kaluwarga penganten kakung. Sumangga sesarengan ndonga mugi-mugi penganten kekalih pikantuk rahmat saha barokah saking Allah SWT...."
“Saiki kita teka ing program kaping lima, yaiku siraman spiritual utawa pitutur nikah sing bakal diwenehake dening bapak (jeneng).
Sawise kegiatan reresik spiritual rampung. Salajengipun sambutan ingkang kedah dipun aturaken minangka MC inggih menika "Dhumateng bapak (asma) ingkang kinurmatan. Kawulo aturaken matur nuwun. Mugi-mugi siraman rohani menika saged paring paedah kangge penganten kakung saha kita sedaya..."
“Para rawuh ingkang minulya, saha para tamu undangan ingkang bingah, sampun rawuh wonten ing adicara ingkang pungkasan, adicara sasampunipun adicara sampun lumampah kanthi lancar, sakmenika sampun dumugi ing pungkasaning adicara inggih menika panutup lan donga.
Ingkang kinurmatan Bp (asma), sumangga adicara ditutup kanthi waosan donga. Dhumateng bapak (asma), sugeng rawuh."
Saklajengipun matur, “matur nuwun dumateng bapak (asma), mugi-mugi donga ingkang sampun katur dening Allah SWT....”
PembahasanPranatacara atau pembawa acara adalah orang pertama yang berbicara saat menyelenggarakan suatu acara. Struktur teksnya erdiri dari lima komponen: Sambutan Pembuka, Purwaka, Isi, Wasana dan Sambutan Penutup.
Pelajari lebih lanjutMateri tentang teks pranatacara manten bahasa jawa singkat https://brainly.co.id/tugas/15315579Materi tentang teks pranatacara https://brainly.co.id/tugas/6281090Materi tentang pranatacara https://brainly.co.id/tugas/9256259Detail jawabanKelas : 9 SMP
Mapel : Bahasa Daerah
Bab : 3 - Pranatacara
Kode: -
#TingkatkanPrestasimu #SPJ3
5. buatin saya pranatacara bahasa jawa tentang rapat osis dong
kalau ada yang tidak jelas bisa di tanyakan .. maaf ya kalau salah
6. contoh pranatacara aqiqah yang lengkap dalam bahasa jawa
Sing hubungane karo sang anak :
1. Disunnatke kanggo menehi jeneng lan nyukur rambut (nggundul) nang dina ke 7 ket dina laire. Kaya ta lair nang dina ahad, aqiqahe tumiba nang dina sabtu
2. Kanggo anak lanang disunnatke aqiqah karo 2 ekor wedhus lan kanggo anak wadon 1 ekor
3. Aqiqah iki dibubuhake marang wong tuwa si anak, ning aweh uga dilakoke karo keluarga sing liya (simbah utowo liyane)
4. Aqiqah iki hukume sunnah
Sing hubungane karo kewan sembelehan :
1. Ing masalah aqiqah, kewan sing aweh dikanggokake dadi sembelehan yo mung wedhus, tanpa mandang iku wedhus lanang utawa wadon
7. contoh teks pranatacara dalam bahasa jawA
Jawaban:
Panjenenganipun para pinisepuh, para aji sepuh, inkang dahat sakalangkung pono ing pamawas, miwah lebdo ing pitutur, ingkang satuhu kinabekten, sinartan pindundhi ing akrami.
Datan katalumpen kunjuk ing Paduka, sagung para pengemban pengembating projo, ingkang satuhu minongko dadyo pangayomaning para kawula dasih kaswasih, ingkang dahat kinurmatan.
Dumateng Bapak/Ibu tamu sinedhahan kakung sumawono putri ingkang hanggung hamastuti dumateng pepoyaning kautaman, ingkang satuhu sinugoto satataning pakurmatan.
Linangkung dumateng para darahing budoyo ingkang satuhu kuntap kautamanipun, kinaryo memardi mardawaning kang budyo luhur.
Assalamu’alaykum Wr.Wb.
Panjenganipun para pinisepuh sumrambah Bapak/Ibu tamu sinedhahan samudayanipun, ingkang dahat mahambeg sadhu ing budi, sinartan netepi darmaning sasomo.
Kinaryo hamurwani jatining pahemanan pahargyan prasojo, daupnyo sri kabahargyo Roro Ayu (…..) dalasan Bagus (…) pinardi purwo-madyo-wusono, hantuk’o jatining karahayon.
Tan kendat handiko sadarum, kawulo derekaken ngunjukaken raos suko dalasan syukur Alhamdulillah wonten ngarso dalem Gusti Alloh SWT, ingkang sampun ngluberaken menggah sedoyo nikmat peparingipun mring handiko sedoyo.
Metemah ing swasono puniko, Bapak/Ibu sadarum kanthi nir ing sambikolo, lulus mulyo manggeh raharjo, waget rawuh ing pehemanan, paring panjurung donga pangestu, daupnyo sri kabahargyo manten sarimbit.
Sholawat dalasan salam dening Ngarso Dalem Gusti Alloh SWT, pinaringno dumateng junjungan Kito, kanjeng Nabi Agung Muhammad SAW, sumrambah sedoyo keluarganipun, shohabatipun, penderekipun sarto umatipun nagntos puputing jaman samangkeh. Aamiin.. Aamiin..Aamiin.. ya Robbal’alamin.
Amit-amit paliman tabik sinabetno ing iloduni, dumawahing tawang towang myang sapu siko dendaning Hyang Kawoso.
Panjenenganipun para pinisepuh, para aji sepuh, ing hanggung pinundhi ing akrami.
Sumrambah Bapak/Ibu tamu sinedhahan ingkang dahat kinurmatan.
Binarung panglik ing waranggono, kalilalono kawulo nedyo hangaturaken jatining rantaman pahargyan prasojo, daupnyo temanten sarimbit.
Mininongko purwaning pahargyan, pasrahing ponang sarono upokarti salaki rabi. dalasan pasrahing sekar tunjung seto dening baroyo agung kadang besan kinasih Bapak (…) sekalian garwo.
Rantaman ingkang kaping kalih (kadwi), atur panampi.
Titilaksono ingkang ongko tiga, dupi roro ayu (…) wus mangagem busono edi lir putraning narpati, doyo-doyo kalenggahaken ing sasono pinajang.
Rantaman ingkang ongko sekawan, upocoro panggih temanten.
Titilaksono ingkang ongko gangsal, atur sinambromo astuti, yo pambagyo harjo yuwono basuki rahayu.
Kashdo, sabdo tomo (ular-ular).
Dene kang kaping pitu, bodoling pahemanan.
8. Pranatacara tentang reuni sekolahan kanggo pelajaran bahasa jawa??
Reuni reuni sekolah untuk pelajaran java?
9. contoh teks pranatacara bahasa jawa singkat?
Jawaban:
Sugeng siyang~
Bapak-bapak, Ibu-ibu warga Dhusun Makmur ingkang dahat kinurmatan. Puji sukur kita aturaken dhumateng Gusti Allah ingkang Maha Agung, jalaran kita tansah pinaringan rahmat, taufik, saha hidayahipun saengga kita saged pepanggihan ing kawontenan menika kanthi sehat walafiat lan rahayu wilujeng.
Bapak-bapak, Ibu-ibu ingkang kinurmatan.
Bombong raosing manah kula, dene ing adicara rapat koordinasi kangge nyiapaken kagiyatan pameran Usaha Kecil Menengah (UKM) menika panjenengan saged rawuh sedaya. Mugi-mugi menapa ingkang kita rancang sesarengan kalampahan kanthi lancar.
Bapak-bapak, Ibu-ibu ingkang kinurmatan.
Ancas utawi tujuwan pepanggihan samenika kangge ngrancang adicara pameran. Mangga sesarengan kita ngrancang jadwalipun. Lajeng prodhuk unggulan menapa ingkang badhe dipunpameraken. Ingkang baku, prodhuk unggulan kedah ingkang dados ciri khas Dhusun Makmur ngriki. Mangga Sabibaripun kula matur, kita kempal miturut seksi-seksi ingkang sampun kasusun. Minangka ketua panitia, kula gadhah pangajab adicara ing enjing menika ngasilaken kaputusan ingkang sae.
Bapak-bapak, Ibu-ibu ingkang kinurmatan.
Mbok bilih cekap semanten anggen kula matur, menawi wonten tetembungan utawi solah tingkah ingkang kirang mranani, kula nyuwun agunging samodra pangaksami.
Matur nuwun~
Penjelasan: maaf klo terlalu panjang :*
Jadikan jawaban yg terbaik y, pliiiiiisss ~
10. buatlah teks pranatacara menggunakan bahasa jawa halus
Penjelasan:
MEMBUKA ACARA
Assalamuallaikum Wr Wb (Bagi yang muslim)
Lumintuning Puja Astawa dhumateng Gusti ingkang Hamurbeng Rat, satemah hambabar daya pangaribawa ingkang tumanduk dhumateng kawula dasih, cihna ing kaludangan menika panjenengan sedaya lan kula taksih saget nyawiji, manunggal wonten ing papan menika kanthi rahayu wilujeng nir ing sakoro-koro. Awit saking menika sumangga panjenengan sedaya lan kula ngunjuaken suka syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Wicaksana sinartan nyenyuwun mugi-mugi salwiring gati wiwit purwa, madya, dumugi wasana samangke saget lulus raharja, gancar rancak tinebehna saking sedaya pambeng nir ing sambekala.
Nuwun dhumateng para rawuh ingkang satuhu kinormatan
para sepuh pinisepuh ingkang sampun pana ing pamawas sarta lebda ing pitutur
para purna karya labet praja sarta sarjana sujananing budi
boten katalumpen dhumateng para kadang wreda muda taruna ingkang satuhu bagya mulya
Keparengna kula sowan wonten ing ngarsa panjenengan sedaya ing ngriki minangka hangemban dawuh saking pamangku gati nun inggih Bapa...(yang punya hajat. Misal:Bapa Raharjo).....piniji mratitisaken pahargyan prasaja dhaupanipun Nimas Ayu...(Nama pengantin putri. Misal:Siwi wilujeng S.Pd)...ingkang ari menika jinatu krama dening Dhimas Bagus .....(nama pengantin putra. Nanang kuncoro S.Hum) atmaja putranipun Bapa...(nama besan. Misal: Bapa Rahmad) ingkang mijil saking laladan (nama desa besan. Misal: Pedalangan Tembalang Semarang).
Para Rawuh kakung putri ingkang winengku ing pakurmatan
hamurwakani lekasing sedya wigatosing gati, keparengna langkung rumiyen kula aturaken urut rantamaning adicara ingkang sampun rinumpaka dening keluarga ingkang hamangun suka. ewondene adicara ingkang badhe lumadi nun inggih, angka kaping:
pambuka
mijilipun temanten putri
praptaning temanten kakung
pasrah-tampi
panggih
krobongan
mapak besan
sungkeman
photo temanten
pambagya harja
panutup/purna
Mekaten para rawuh menggah urut rantamaning adicara wonten ing wedhal menika, ingkang saklajengipun, keparenga panjenengan sedaya keparengan hangestreni tumapaking gati kanthi suka renaning penggalih dumugi paripurnaning adicara samangke.
Nuwun
11. Teks pranatacara bahasa jawa tema bersih desa
Contoh teks pranatacara dalam bahasa jawa mengenai bersih desa.
Assalamualaikum wr wb,
Pak Kades, Pak Kadus, Pak RT RW, warga desa ingkang kulo hormati,
Alhamdulillah ing wekdal iki, ingkang nomer setunggal monggo sareng-sareng kita sedaya sami-sami ngucap syukur kangge rahmat kesehatan lan rahmat iman saking Gusti Allah, dados kita sedaya saged sami kempal ing balai desa, mboten kurang setunggalipun kangge bersih-bersih desa.
Adicara dinten niki mangke kita sedaya sami-sami mbersihi desa kangge persiapan sasi Ramadan. Nek desa kita bersih, mangke ngibadah puasa kita sedaya sami nyaman lan tambah khusyuk. Bersih-bersih desa mangke dipimpin dening Bapak Kades lan mangke dibagi per wilayah ingkang dipimpin dening Pak RT, dados acara bersih-bersih saged rampung sedereng Dhuhur.
Cekap semanten atur kula, bilih menika wonten salah kata lan salah perbuatan, kulo pribadi nyuwun pangapunten. Wassalamualaikum wr wb.
Pembahasan
Pranatacara dapat disebut juga dengan pembawa acara, salah satu peran yang sangat penting dalam sebuah acara, baik dalam bahasa jawa maupun bahasa lainnya. Tidak hanya pada acara bersih-bersih desa saja, pranatacara juga diperlukan pada beberapa acara resmi lainnya, seperti acara perpisahan hingga penyambutan tamu.
Fungsi pranatacara cukup penting, seorang pranatacara harus bisa membawakan acara mulai dari awal hingga acara berakhir. Maka tidak heran jika seorang pranata juga harus memiliki kemampuan komunikasi yang cukup bagus.
Pelajari lebih lanjut
Materi tentang pidato dalam bahasa jawa https://brainly.co.id/tugas/2222664
Materi tentang contoh pidato perpisahan dalam bahasa jawa https://brainly.co.id/tugas/22529531
Materi tentang teks pembawa acara dalam bahasa jawa https://brainly.co.id/tugas/2405872
Detail jawaban
Kelas : 7
Mapel : B.Daerah
Bab : Membuat teks pidato bahasa jawa
Kode :
#AyoBelajar
12. contoh pranatacara perlombaan bahasa jawa.
Jawaban:
lomba menulis aksara Jawa dengan benar dan tepat
Penjelasan:
supaya bagus dan banyak diminati oleh masyakrat
13. Teks pranatacara puputan bayi bahasa jawa
Assalaamu’alaikum WR.WB
Ø Ingkang kula kurmati panjenenganipun Ketua Karang TARUNA Tunas Harapan Sub Unit LANTENG 1, saha para pengurusipun.
Ø Ingkang kawula kurmati Pembina/ pembimbing Karang Taruna Sub Unit Lanteng 1
Ø Ingkang kawula kurmati ugi Mas/ Mbak ….. selaku Shokhibul Baid saha para mudha-mudhi anggota Karang Taruna Tunas Harapan ingkang kawula tresnani.
Sadherengipun sumangga kita ngaturken raos puji saha syukur kita dhumateng Allah SWT, ingkang sampun paring Rahmat saha Hidayahipun dhumateng kulo panjenengan sedaya. Sahingga kita sedaya saged rawuh saha makempal wonten ing kempalan rutin Karang Taruna Tunas Harapan Sub Unit Lanteng 1 menika, kanthi sehat walafiat mboten wonten alangan satunggal menapa. Mboten kesupen Sholawat saha salam mugi konjuk dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW ingkang dipuntengga-tengga syafa’atipun wonten ing Yaumul Qiyamah. Amin
Sakdherengipun acara kawiwitan, keparenga kula piniji ndherekaken lampahing adicara pepanggihan wonten ing ndalu menika, lan saklajengipun kulo badhe maosakaen menggah urut reruncening adicara ing wekdal menika:
1. Adicara ingkang sepindah inggih menika PAMBUKA,
2. Kaping kalihipun SAMBUTAN:
§ Sambutan ingkang ongko setunggal saking Ketua Karang Taruna
§ Sambutan ingkang ongko kalih saking Pembina Karang Taruna
§ Lan sambutan ingkang ongko 3 inggih menika saking Shohibul baid
3. Adicara ingkang Kaping Tiga acara INTI, inggih menika musyawarah
4. Adicara kaping sekawan inggih menika LAIN-LAIN/ LAPORAN Bendahara lan Sekertaris
5. Saha adicara ingkang kaping gangsal inggih menika PANUTUP,
Para lenggah sedaya ingkang winantu suka basuki mengeti wedal sakwetawis ndalu, monggo adicoro ing ndalu puniko kito bikak sesarengan kanti waosan BASMALLAH sesarengan kulo dherekaken BISMILLAHIRRAHMANIRRAHIIM
Ndungkap adicoro sak lajengipun nuninggh Sambutan. Sambutan ingkang kaping setunggal nuninggih sambutan sangking Ketua Karang Taruna ingkang bade kaslirani dumateng panjenenganipun …………… dumateng………….panjenenganipun …………. sumonggo.
Sambutan ingkang kaping kalih nuninjih saking Pembina Karang Taruna. Dhumateng …… wekdal kulo sumanggakaken. Matur nuwun.
Sambutan ingkang saklajengipun nuninjih saking ….. , sumangga. Matur nuwun
Adicara salajengipun inggih menika acara INTI nuninjih Musyawarah dhumateng Mas/Mbak ….. kasuwun mimpin acara inti ing wekdal ndalu menika. Sumangga.
“Matur nuwun dumateng panjenenganipun Mas/Mbak …… ingkang sampun mimpin acara Musyawarah.
Lumampah adicoro sak lajengipun nuninggh adicoro ingkang ongko sekawan. Adicoro ingkang ongko sekawan nuninggih LAIN-LAIN utawi Laporan saking bendahara saha sekertaris Karang Taruna, dumateng panjenenganipun …………. sumonggo.
Adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup. Ananging saderengipun adicara dipuntutup kulo badhe ngumumaken pertemuan ingkang saklajenipun inggih menika wonten ing griyanipun Mas/Mbak…. RT……
Saha kula minangka pranata adicara wonten mriki menawi anggen kula ndherekaken lumampahing adicara menika kathah kekiranganipun saha lepat lan tindak tanduk ingkang boten mranani penggalih panjenengan sedaya kula nyuwun agunging samudra pangaksami. Matur nuwun. Mangga adicara kita tutup kanthi waosan HAMDALAH kanthi sesarengan, sumangga. ALHAMDULILLAH Cekap semanten atur kula.
Wassalamualaikum Wr.Wb
14. contoh pranatacara bahasa jawa singkat?
sugeng siang lan sugeng rawuh dumateng para Bapak lan Ibu. ing dinten menika kula lan panjenengan sami saged pinanggihan malih awit Gusti Kang Murbeng Dumadi tansah maringi sehat rahayu wilujeng lir ing sambekala.
ing siang menika, bade kadherekaken adicara ingkan kasusun inggih menika:
1. atur pambuka
2. srah terima jabatan
3. doa
4 ramah tamah
5. penutup.
menika wau sedaya adicara ingkang bade kalampahan, mugi saged ndadosaken regeng ing manah lan nujuprana ing penggalih.
matur nuwun.
Simak lebih lanjut di Brainly.co.id - https://brainly.co.id/tugas/9531202#readmore
15. pranatacara singkat bahasa jawa jenis naskah
Jawaban:
Panjenenganipun para pinisepuh, para aji sepuh, inkang dahat sakalangkung pono ing pamawas, miwah lebdo ing pitutur, ingkang satuhu kinabekten, sinartan pindundhi ing akrami.
Datan katalumpen kunjuk ing Paduka, sagung para pengemban pengembating projo, ingkang satuhu minongko dadyo pangayomaning para kawula dasih kaswasih, ingkang dahat kinurmatan.
Dumateng Bapak/Ibu tamu sinedhahan kakung sumawono putri ingkang hanggung hamastuti dumateng pepoyaning kautaman, ingkang satuhu sinugoto satataning pakurmatan.
Linangkung dumateng para darahing budoyo ingkang satuhu kuntap kautamanipun, kinaryo memardi mardawaning kang budyo luhur.
Assalamu’alaykum Wr.Wb.
Panjenganipun para pinisepuh sumrambah Bapak/Ibu tamu sinedhahan samudayanipun, ingkang dahat mahambeg sadhu ing budi, sinartan netepi darmaning sasomo.
Kinaryo hamurwani jatining pahemanan pahargyan prasojo, daupnyo sri kabahargyo Roro Ayu (…..) dalasan Bagus (…) pinardi purwo-madyo-wusono, hantuk’o jatining karahayon.
Tan kendat handiko sadarum, kawulo derekaken ngunjukaken raos suko dalasan syukur Alhamdulillah wonten ngarso dalem Gusti Alloh SWT, ingkang sampun ngluberaken menggah sedoyo nikmat peparingipun mring handiko sedoyo.
Metemah ing swasono puniko, Bapak/Ibu sadarum kanthi nir ing sambikolo, lulus mulyo manggeh raharjo, waget rawuh ing pehemanan, paring panjurung donga pangestu, daupnyo sri kabahargyo manten sarimbit.
Sholawat dalasan salam dening Ngarso Dalem Gusti Alloh SWT, pinaringno dumateng junjungan Kito, kanjeng Nabi Agung Muhammad SAW, sumrambah sedoyo keluarganipun, shohabatipun, penderekipun sarto umatipun nagntos puputing jaman samangkeh. Aamiin.. Aamiin..Aamiin.. ya Robbal’alamin.
Amit-amit paliman tabik sinabetno ing iloduni, dumawahing tawang towang myang sapu siko dendaning Hyang Kawoso.
Panjenenganipun para pinisepuh, para aji sepuh, ing hanggung pinundhi ing akrami.
Sumrambah Bapak/Ibu tamu sinedhahan ingkang dahat kinurmatan.
Binarung panglik ing waranggono, kalilalono kawulo nedyo hangaturaken jatining rantaman pahargyan prasojo, daupnyo temanten sarimbit.
Mininongko purwaning pahargyan, pasrahing ponang sarono upokarti salaki rabi. dalasan pasrahing sekar tunjung seto dening baroyo agung kadang besan kinasih Bapak (…) sekalian garwo.
Rantaman ingkang kaping kalih (kadwi), atur panampi.
Titilaksono ingkang ongko tiga, dupi roro ayu (…) wus mangagem busono edi lir putraning narpati, doyo-doyo kalenggahaken ing sasono pinajang.
Rantaman ingkang ongko sekawan, upocoro panggih temanten.
Titilaksono ingkang ongko gangsal, atur sinambromo astuti, yo pambagyo harjo yuwono basuki rahayu.
Kashdo, sabdo tomo (ular-ular).
Dene kang kaping pitu, bodoling pahemanan.
MAAF KALO SALAH
Posting Komentar untuk "Kumpulan Pranatacara Bahasa Jawa"